Pamit Kempalan Pemuda


Assalamu’alaikum wr.wb

Kepareng matur dhumateng Bapak/Ibu/Mas/Mbak ….  Sakulawarga, kula minangka wakil saking pemudha nyuwun agunging pangapunten menawi wonten solah bawa, olah basa, ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sakulawrga.

Boten kesupen pemudha ngaturaken agunging maturnuwun, amargi wonten ing kalodhangan menika sampun paring papan palenggahan saha sapanunggalanipun kagem kelancaran kempalan rutin pemudha dusun Kantongan ing wekdal menika.

Amargi kempalan rutin wonten ing wekdal menika sampun paripurna pemudha badhe nyuwun pamit. Cekap  semanten atur kula menawi kathah kekiranganipun kula nyuwun pangapunten. Matur Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

0 Response to "Pamit Kempalan Pemuda"

Post a Comment

Powered by Blogger.