Atur Pambagyaharja Panitia 17 Agustusan


Atur Pambagyaharja Panitia 17 Agustusan



Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak Kepala Desa, desa Patalan  ingkang sinudarsana
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Dusun, dusun Ketandan
Dhumateng sedaya Bapak Kepala RT saha RW ing ketandan mriki ingkang kula kurmati ugi. Boten kesupen para rawuh sedaya ingkang bagya mulya.
       
            Wonten ing wekdal menika, sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah  ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat  saha hidayahipun, sahingga panjenengan segdaya saged rawuh wonten adicara pengetan Ambal Warsa Republik Indonesia ingkang 68 utawi pengetan 17-an wonten ing wekdal menika kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
            Shalawat sarta salam sumangga kula saha panjenengan kunjukaken dhumateng junjungan kula saha panjenengan sedaya nun inggih Nabi Muhmmad SAW. Mugi-mugi kula saha panjenengan sedaya pikantuk syafa’atipun wonten ing yaummul kiamah Amiin.

Para lenggah sedaya ingkang kinurmatan Amargi samenika tasih wonten ing wulan syawal kula minangka  diri  pribadhi saha sedaya panitya pengetan ambal warsa Republik Indonesia  ingkang kaping 68 ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat nyuwung agunging pangapunten. nuwun

Para rawuh ingkang minulya,
Kula, minangka Ketua/Wakil saking panitia pitulasan/pengetan ambal warsa Rebuplik Indonesia ingkang kaping 68 (sewidak wolu) , ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya  ingkang sampun purun mbucal wekdal saperlu rawuh wonten papan menika kanggem mangeti ambal warsa Rebuplik Indonesia ingkang kaping 68 (sewidak wolu).
Kula  ugi ngaturake panuwun dhumateng sedaya warga masyarakat dusun Kantongan, Kantongan Kulon khususipun, saking dukuh, RT/RW saha masyarakat umumipun ingkang sampun nyengkuyung adicara menika, ingkang sampun biyantu samudayanipun saking kawiwitan acara menika dumugi samangke ngantos pungkasaning adicara menika. Sae menika ingkang sampun biyantu badha tenaga saha sanes-sanesipun ingkang boten saged kula sebataken setunggal-setunggal saestu saking panitia namung saged ngaturaken agunging panuwun.

Boten kesupen kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng  sedaya panitia pengetan ambal warsa Republik Indonesia ingkang kaping 68 menika, ingkang sampun nindhaaken tanggung jawabipun kanthi sae. Pramila adicara menika saged kalampahan  kanthi sae. Namung Paring pangertosan bilih acara menika sampun karakit tebih sakderengeipun wulan pasa. Acara menika boten namung “malam tirakatan” kemawon pengetan ambal warsa Republik Indonesia menika wonten serangkaian acara, nun inggih lomba anak-anak(wonten mewarnai, futsal lomba-lomba babagan agama saha sanes-sanesipun), ugi wonten lomba ibu-bu(masak, futsal ibu-ibu ingkang lawanipun mudhi-mudi) igkang sampun kalampahan kala wingi saking tanggal 14(kawan welas) dumugi 15(gangsal welas), wonten malih penek jambe saha jalan santai ingkang insyaAllah badhe kalaksanan benjang enjang saha benjang siang.

Boten kesupen kula amakili saking sedaya panitia pengeten ambal warsa Repuplik Indonesia ingkang kaping 68 nyuwun sewu-sewu agunging pangapunten mbok bilih anggenipun nglaksanakaken acara menika tasih kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana dhateng penggalih panjenengan sedaya, saestu panitia namung saged nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kanthi acara menika saged nuwuhaken rasa trena dhatheng tanah air kula saha panjenengan sedaya nun inggih Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Nuwun sewu cekap semanten atur kula bilih wonten klenta-klentuning atur, olah basa, tindak tanduk kula ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula namung sage nyuwun agunging pangapunten,  Nuwun cekap semanten.


Wassalamu’alaikum Warahmatullahiwabarakatuh

0 Response to "Atur Pambagyaharja Panitia 17 Agustusan"

Post a Comment

Powered by Blogger.