Pabagyo Unjukan Saha Dhaharan


Atur Pambagyaharja wonten ing Kempalan Pemudha

Assalamu’alaikum wr.wb
Dhumateng panjenenganipun Bapak/ibu …. mandhapipun Mas/Mbak …., minangka tuan rumah kempalan rutin mudha-mudhi kantongan, saha mudha-mudhi dusun kantongan ingkang tansah bagya mulya. Sumangga kita tansah muji syukur dumatheng Gusthi Ingkang Maha Kuasa, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, karohmatan saengga kita saget kempal wonten ing papan menika kanthi boten wonten alangan satunggal menapa, boten kesupen sholawat sarta salam kalimpahna dumatheng junjungan kita Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW. Ingkang kita tengga-tengga safaatipun ing yaumul kiamah, amin.
Para lenggah sedaya ingkang minulya kula minangka wakil saking Bapak/Ibu …. Ingkang sepisan Ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya, mugi rahayu nir ing sambekala. Ingkang salajengipun menawi anggenipun ananggepi saha paring papan palenggahan  lan ubarampenipun taksih kathah kekirangan saha kirang mranani wonten ing penggalih panjenengan, Bapak /Ibu … namung saget nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya. Saking Bapak/ibu …. Namung saget ngaturaken sugeng rawuh lan anggenipun lelenggahan dipun sekecakaen.
Para lenggah sedaya wonten ing ngajeng panjenengan  sampun cumawis unjukan saha dhaharan. Saking kaluwarga Bapa/Ibu ….. panjenengan sedaya katuran ngunjuk saha dhahar kanthi suka manah panjenengan, ananging saderengipun ngunjuk saha dhahar keparenga kita wiwiti kanti donga sesarengan kula derekaken .
Matur nuwun. sumangga panjenengan sedaya katuran ngunjuk saha dhahar kanthi prayogi.
Cekap semanten atur kula. Menawi kathah solah bawa saha olah basa kula ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan kula nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

0 Response to "Pabagyo Unjukan Saha Dhaharan"

Post a Comment

Powered by Blogger.