Mangayubagya/Menerima Tamu pada Acara Pernikahan


Assalamu alikum wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa Tarmudi tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minangka sulih sariranipun panjenengan bapa Tarmudi ingkang ri kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning asepuh nuninggih amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus Jono jinatu krama kaliyan rara ayu Tumi atmaja putrinipun bapa Sadiman ingkang lenggah pidalem ing Klaten. Wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah kala wau enjing wonten ing Prambanan kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa Tarmudi Kalawau. Mugi-mugiya panjenengan sami kersa pianarak lenggah dumugi purnaning adicara punika. Lan Bapa Tarmudi nyuwun gunging samodra pangaksami awit saking papan palenggahan ingkang kasamudyaaken boten mranani dhumateng panjenengan.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum
Artinya:
Assalamualaikum
Para hadirin hadirat yang kami hormati, para alim ulama, para pejabat yang kami muliakan. Dan seluruh tamu undangan yang berbahagia.
Mengingat kita semua hanya makhluk biasa yang menjadi makhluk Tuhan, marilah kita semua mengucapkan puji syukur kehadirat Tuhan yang maha kuasa karena berkah dan rahmatnya kita semua bisa berkumpul di rumah bapak Tarmudi tidak ada halangan apapun
Para hadirin yang mulia
Ijinkanlah saya sebagai pengganti bapak Tarmudi yang pada hari ini sedang memenuhi kewajiban sebagai orang tua, yakni menikahkan anak lelakinya bernama Jono dengan Tumi anak putrinya bapak Sadiman yang beralamat di Klaten. Sedangkan ijab qabul sudah dilaksakan pagi tadi di Prambanan dengan tata cara Islam.
Keperluan anda semua diundang ke sini adalah dimintai doanya yang berhubungan dengan hajatan bapak Tarmudi. Semoga anda semua mau duduk sampai berakhirnya acara ini. Dan bapak Tarmudi memohon maaf jika tempat yang disediakan tidak berkenan di hati para hadirin semua.
Akhir kata, saya mohon maaf yang sebesar-besarnya atas kehilafan saya
Wassalamualaikum

0 Response to "Mangayubagya/Menerima Tamu pada Acara Pernikahan"

Post a Comment

Powered by Blogger.